MATERI SEMESTER 2 (KELAS X BAHASA JAWA - MANGERTENI JINISE BASA RINENGGA
Wangsalan Yaiku
Wangsalan yaiku unen unen utawa tetembungan seng saemper cangkriman, nanginbatangane wis dikandhakake. Mung anggone ngandhakake ora nganti melok, jelas utawa
cetha. Nanging sarana disebutake sawanda utawa luweh.
Nah, berikut ini contoh wangsalan dalam pacelathon (percakapan
sehari- hari) yang paling gampang.
- Njenang gulo lho, aja lali. ( Jenang gula: glali)
- Balung klapa, ethok-etok ora ngerti. ( Balung klapa: bathok)
- Balung janur, sida lunga apa ora? (Balung janur: sada)
Jenis Jenis Wangsalan
Wangsalan Lamba
Wangsalan lamba yaiku jenise wangsalan kang amung ndueni isi batangan
utowo tebusan siji. Artinya, wangsalan lamba adalah jenis wangsalan yang
hanya mempunyai isi teka teki satu objek.
Wangsalan ini terdiri atas satu baris. Bagian pertama adalah teka teki,
disusul bagian kedua berupa jawaban dari teka teki tersebut.
Tuladha wangsalan lamba:
- Pindang lulang, kacek apa aku karo kowe. (Pindhang lulang = Krecek)
Jenang gula, kowe aja lali. (Jenang gula : Gulali)
Sekar aren, rawuhipun sampun dangu-dangu. (Sekar aren: dangu)
Njanur gunung, kadingaren. (Janur gunung: Aren)
Mbalung klapa, geleme mung ethok-ethokan. (Mbalung Klapa :
Batok)
Mbalung janur, paring usada nggonku n andhang wuyung. (Balung
janur: Sada)
Reca kayu, goleka kaweruh rahayu. (Reca kayu: Golekan)
Ngembang garut, nggremeng ora karuwan. (Kembang garut:
gremeng)
Ngembang kacang, mbesengut ora kalegan.(Kembang kacang:
besengut)
Kembang jambu, kemaruk duwe dolanan anyar. ( Kembang jambu:
karuk )
Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso. (Roning mlinjo: so).
Klapa mudha, yen kalegan paringa apura. (Klapa mudha: degan)
Kembang gembili, seneng-seneng oleh rejeki. ( Kembang gembili:
seneng)
Witing klapa jawata ing ngarcapada, salugune wong mudha gelem
rekasa. (Witing klapa : glugu )
Mbok aja nglemah bengkah, nyela-nyela wong tuwo. ( Nglemah
bengkah: tela)
Gayung sumur, aja kemba aja mundhu. (Gayung sumur: Timba)
Nggodong garing, esuk-esuk kok wis nglaras. (Godhong garing:
Klaras)
Mbalung geni, mbak menawa aku bisa teka. (Balung geni: Mawa)
Balung pakel, aja seneng alok-alok! (Balung pakel: Pelok)
Bayem arda, dhasar anteng kang adi luhung. (Bayem arda: Lanteng)
Kukus gantung, sawangan kang adi luhung. (Kukus gantung:
sawang)
Kancing gelung munggweng dadha, titenana! (Kancing gelung:
Peniti)
Yen ora nesu, geneyo kowe kok mentil kacang, mrengut terus.
(Mentil kacang: sungut)
Nyaron bumbung, nganti cengklungen nggonku nggenteni. (Saron
bumbung: angklung)
Ngrokok cendhak, bocah cilik ora kena neges-neges. (Rokok
cendhak: tegesan)
Balung jagung, punika sampun dados tanggel jawab kula. (Balung
jagung: janggel)
Jangan gori, nganti judheg anggonku mikir. (Jangan gori: gudheg)
Kendhil dawa, enggal ditandangi. (Kendhil dawa: dandang)
Mutra bebek, kawit mau mung wira-wiri wae. (Mutra bebek: meri)
Mrica kecut, yen mung muni pancen gampang. (Mrica kecut: wuni)
Sarung jagung, abot entheng tak lakonane. (Sarung jagung: klobot)
Wohing tanjung, becik njunjung bapa biyung. (Woh tanjung: kecik)
Kapi jarwa, dak pethek mangsa wurunga. (Kapi jarwa: kethek)
Mina galak ing samodra, bacutna gunemmu Kang Gareng. (Mina
galak ing samodra: iwak cucut)
Petis manis, ngucapna tembung sing manis. (Petis manis: kecap)
Pring dhempet, kowe teka mrene kok ora kandha-kandha! (Pring
dhempet = andha)
Babal bunder manglung kali, lho, patrapmu kok kaya
mangkono! (Babal bunder: elo)
Kepiting kang sobeng rawa, nguswaraganta wong ayu. (Kepiting
kang saba ana ing rawa: yuyu)
Dom jala, coba aku kandhanana! (dom jala: coba)
Baligo amba godhonge, kudu santoseng kalbu. (Baligo amba
godhonge: labu)
Carang wreksa, nora gampang wong mengku nagara. (Carang
wreksa: pang)
Cecangkok wohing kalapa, ugemana kang dadi pathoking urip.
(Cangkok kalapa = bathok )
Bremara wismeng bantala, kawula badhe caos atur. (bremara
wismeng bantala = tawon tutur)
Witing pari, kok amen muleh leh kerjo? (witing pari: damen)
Masjid alit, aja sok nglanggar aturan! (Masjid alit: langgar)
Wangsalan Rangkep (Camboran)
Jenis wangsalan yang kedua adalah wangsalan rangkep (camboran).
Wangsalan rangkep yaiku wangsalan kang isi batangane
punjul siji.
Wangsalan rangkep adalah wangsalan yang isi teka-tekinya lebih dari satu.
Bentuk wangsalan ini terdiri atas dua kalimat. Kalimat pertama adalah isi
wangsalan dan yang kedua berissi batangane (jawabannya).
Contoh wangsalan rangkep:
- Tengareng prang, andheging riris, kudu teteg lan kudu terang ing
pikir. (Tengara perang: keteg , andeging riris: terang)
Bayem arda, ardane ngrasuk busana, mari anteng besuse saya
katara. (Bayem arda: lateng, ardane ngrasuk busana: besus)
Sri Maha Jawata Katong, andaka wulune rekta,
jroning nendra gung kaepi. (Ratune para jawata: Bathara Endra,
andaka wulune rekta: sapi)
Bale nata rondon pari, paran margane wak mami. (bale nata =
pagelaran, rondon pari = dami)
Carang wreksa kawi wuwus, panggya andika kusuma. (Carang
wreksa: pang , wuwus: ngendika)
Jenang sela wader kalen sesonderan, apuranta yen
wonten lepat kawula. (Jenang sela: apu, wader kalen: sepat)
Sayeng kaga kaga kresna mangsa sawa, wong susila lagake anuju
prana. (sayeng kaga: kala, kaga kresna mangsa sawa: manuk gagak)
Mamet tirta, tirta jawah jro katiga, suka lila lebur
luluh labuh praja. (Memet tirta: Ngangsu, tirta jawah jro katiga:
labuh)
Tapas aren, aren arab wijilira tindak tanduk, nora ninggal
tata krama. (Tapas aren: duk, Aren arab wijilira: Kurma)
Wangsalan Memet
Wangsalan memet adalah jenis wangsalan yang sedikit rumit. wangsalan
memet harus diartikan sebanyak dua kali.
Wangsalan memet yaiku wangsalan kang
carané nggoleki batangane sarana ngoceki maksuding
tetembungane ambal ping pindho.
Contoh kasus seperti dalam tuladha wangsalan di bawah ini.
“Uler kembang, yèn trima alon-alonan”
- Pembahasan pertama: Uler kembang maksudnya adalah hewan
- lintah.
- Pembahasan kedua: Suku kata “li” dalam kata lintah, dihubungkan
- dengan kata “tali”.
- “Tali” dianggap mempunyai arti “alon-alonan”.
- “Alon-alonan” bisa diartikan sebagai “Satitahe”. Kata satitahe artinya
- melakukan pekerjaan dengan perlahan tanpa ada paksaan.
Wangsalan Padinan
Wangsalan padinan adalah wangsalan rakyat yang biasa digunakan dalam
percakapan sehari-hari.
Wangsalan padinan biasanya tidak perlu dibedah isi teka-tekinya, karena
orang-orang yang mendengarkannya dianggap sudah memahami isinya.
Contoh wangsalan padianan seperti dalam kutipan percakapan berikut ini.
“Wong kae sajatine wis krungu kandhaku, nanging njangan gori. Gori iku
mathuke digudhèg.”
Wangsalan Mawa Paungeran Tartamtu
Mawa paungeran 4 wanda + 8 wanda
Wanda artinya suku kata. Wangsalan dengan 4 suku kata ditambah 8 suku
kata terdapat dalam wangsalan lamba.
Bagian pertama terdiri dari 4 suku kata sebagai isis wangsalan dan bagian
kedua 8 suku kata sebagai batangan atau isis tebakannya.
Contohnya: Reca kayu, golek kawruh rahayu.
Mawa paungeran (4 wanda + 8 wanda) X 2 = 24 wanda
Yang termasuk wangsalan ini dalah wangsalan rangkep.
Contohnya:
Sayuk rukun, wulang wido mangsa rowang = 4 wanda + 8 wanda
Sayektine, wit saking bondho kawula = 4 wanda + 8 wanda
Wangsalan Edi Peni
Ciri-ciri dan sekaligus sebagai paugeran wangsalan edipeni adalah sebagai
berikut:
- Terdiri atas dua kalimat dan dua baris.
- Setiap kalimat terdiri atas 4 suku kata + 8 suku kata.
- Kalimat pertama adalah isi wangsalan, sedang yang kedua adalah isi
- teka-tekinya.
- Menggunakan purwakanthi guru swara di setiap akhir kalimat
Contoh wangsalan edi peni:
Tepi wastra, wastra kang tumrap mustaka. (Kemada, iket) Mumpung
mudha, nggegulanga ngiket basa.
Wangsalan kang Sinawung Ing Tembang
Jenis wangsalan yang terakhir adalah wangsalan yang ada di dalam
tembang. wangsalan ini dimasukkan dalam tembang yang dinyanyikan
pesindhen.
Jika wangsalan masuk ke dalam sebuah tembang, jumlah suku kata dan
guru swara harus mengikuti tembangnya.
Contoh wangsalan dalam tembang seperti dalam tembang sinom berikut
ini.
Edane wong keneng guna,
ambatik sinambi nangis,
malam wuntah balabaran,
geni mati muring-muring,
prembenahan mbrebes mili,
gawangan sinendhal putung,
ya talah ta si kakang,
puluh-puluh awak mami,
petis manis wis kudu dadi pocapan.
Cara Membuat Wangsalan
Selain tuladha wangsalan di atas, kamu juga bisa membuat wangsalan
sendiri.
Caranya adalah dengan mengarang isi teka-tekinya terlebih dahulu baru
kemudian pertanyaan teka tekinya. Isi teka-teki di taruh di belakang
diawali
dengan pertanyaannya lebih dulu.
Komentar
Posting Komentar