MATERI BAB 3 SUB 2 Unggah-ungguh Basa - KELAS X Bahasa Jawa

 

Unggah-Ungguh Basa Jawa

Basa Jawa tansah ngugemi unggah-ungguh basa, iki sing mbedakake basa Jawa klawan basa Liyane. Undha usuk basa Jawa diperang kaya ing ngisor iki: 

Basa Ngoko 

1. Ngoko lugu 

Ngoko lugu yaiku basa ngoko sing ora kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajakpacaturan, wuwuhane tetep ngoko, sipate rumaket utawa akrab.

Penganggone: 
  • Dienggo dening sapadha-padha kang wis kulina.
  • Dienggo ndhuwuran marang andhahan.
  • Dienggo wong kang wis tuwa marang sing enom, kayata: wong tuwa marang anake, guru marang muride, eyang marang putune, lan sapanunggalane.
Tuladha: 
  1. Kowe apa wis mangan?
  2. Kowe dolan karo sapa?
  3. Kowe apa wis teka omah?

2. Ngoko alus 

Ngoko alus yaiku basa ngoko sing kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak pacaturan, krama ingghil khusus kanggo wong liya, wuwuhan tetep wuwuhan ngoko, tembung kowe dadi panjenengan.

Penganggone: 
  • Sedulur enom marang sedulur tuwa.
  • Wong sing kaprenah tuwa marang wong enom sing drajade luwih dhuwur.
  • Ibu marang bapak sing wis kulina nganggo basa ngoko.
Tuladha: 
  1. Panjenengan apa sampun maem?
  2. Panjenengan dolan kale sinten?
  3. Panjenengan apa sampun tekan omah?

Pangeling:
Sing dikramakake ing basa ngoko alus yaiku: 
1. Tembung sesulih purusa II (kata ganti orang ke-2) lan tembung kriya. 
2. Tembung kriya sing dikramakake, ater-ater (awalan) lan panambang (akhiran) tetep ngoko. 


Basa Krama 

Basa krama diperang dadi loro, yaiku: 

1. Krama lugu 

Basa krama lugu yaiku basa krama sing tembung-tembunge lugu lan ora kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak pacaturan, tembung kowe dadi sampeyan, tembung aku dadi kula.

Penganggone: Marang wong sadrajad sing durung raket (durung akrab). 

Tuladha: 
  1. Sampeyan purun tilem mriki ?
  2. Sampeyan benjing menapa tamtu kesah?
  3. Sampeyan dipuntumbasaken jajan pasar?

2.   Krama alus 

Basa krama alus yaiku basa krama sig tembung-tembunge alus lan kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak pacaturan. 

Penganggone: 
  1. Wong enom marang wong tuwa
  2. Anak marang bapak utawa ibune
  3. Putu marang eyang utawa simbahe
  4. Ponakan marang pakdhe utawa budhene, lan sapanunggalane
  1. Marang wong sing luwih dhuwir drajade
  2. Murid marang gurune.
  3. Andhahan marang pimpinane.
  4. Abdi utawa rewang marang juragane, lan sapanunggalane.

Tuladhane: 
  • Panjenengan kersa sare mriki Mbak?
  • Panjenengan benjing menapa tamtu tindak?
  • Panjenengan dipunpundhutaken jajan pasar?

Komentar

Postingan Populer