MATERI BAB 3 BAHASA JAWA KELAS X - MANGERTENI RAGAM BASA LISAN SAKA DRAMA
DRAMA (SANDIWARA)
Tembung Drama utawa sandiwara asale saka basa Yunani kang nduweni teges sawijining aksi/ solah bawa, utawa crita kang dipentasake dening paraga-paraga. Tembung sandi nduweni teges rahasia lan wara nduweni teges panggulawenthah.Sandiwara iku ajaran sing dilantarake kanthi siningit utawa ora terang-terangan. Pagelaran dramaiku ora mung dadi tontonan ing panggung wae. Akeh drama kang kagiyarake lumantar medhia massa, kayata : lumantar radhio, televisi, rekaman video, lan liya-liyane. Salah
siji ciri
khase naskah drama yaiku awujud pacelathon (dialog). Naskah drama iku mujudake tetiron saka panguripane manungsa saben dinane. Mula saka iku dialog kang digunakake mujudake pacelathon padinan kang nggunakake basa lisan kang komunikatif.
RAGAM BASA LISAN
Ragam basa lisan yaiku ragam basa kang diandharake lumantar media lisan, kang ana gegayutane karo kahanan lan wayah. Basa lisan luwih ekspresif, mimik, intonasi, solah bawa bisa kacampur dadi siji kanggo nyengkuyung wicara kang ditindakake.
Ciri-ciri ragam basa lisan yaiku :
- Langsung. Sajroning komunikasi wong kuwi dikarepake bisa ketemu langsung karo wong sing dijak ngomong.
- Ora kaiket dening gramatikal ananging kaiket dening kahanan nalika micara. Sajroning komunikasi wong kuwi dikarepake bisa mangerteni kahanan lan basa sing dienggo dening
- wong sing dijak ngomong. Komunikasi ing kene wak ngomong. Komunikasi ing kene wus dibantu anane kahanan, mimik, obahing awak, pandeleng, lan sapiturute.
- Ora efektif. Tarkadhang sajroning pacelathonan surang mung abang-abang non ana unsur kang mung abang-abang lambe wae.
- Ukarane cendhak-cendhak, asring kepedhot, lan ora jangkep. Migunakake basa sing turut wong liya wis mangerteni karepe.
- Lagune ukara kudu situasional. Sajroning komunikasi wong kudu ngerti marang situasi sing ana karo wong sing dijak ngomong.
Kaluwihane ragam basa lisan :
- Bisa manut marang kahanan
- Faktor efisien
- Faktor cethane amarga wong sing ngomong nambahake tekanan lan obahing awak, supaya sing dijak
- ngomong ngerti apa sing diomongake liwat kahanan, mimik, obahing awake.
- Faktor kecepatan, wong sing ngomong kanthi cepet ndeleng reaksine sing ngrungokake marang apa sing diomongake.
- Luwih bebas amarga faktor kahanan sing bisa njalari luwih cetha basa sing diomongake.
Kelemahane ragam basa lisan :
- Basa lisan isine ukara sing ora jangkep, kadhang mung arupa frase sing prasaia.
- Wong sing ngomong asring mbaleni omongane.
- Ora kabeh wong bisa nglakokake basa lisan.
- Aturan basa ora formal.
Komentar
Posting Komentar