MATERI BAB 1 SUB 2 TEMBUNG PANGGANDENG - BAHASA JAWA KELAS X
Materi babagan thembung panggandheng iki di tulis ning buku catatan!
Tembung panggandheng
Tembung panggandheng yaiku tembung kang gunane kanggo ndawakake ukara (meluaskan kalimat) utawa tembung sing bisa
kanggo nggandheng ukara. Kang kalebu tembung panggandheng kayata :
1. Saha, lan, miwah nyatakake tambah (penambahan)
Tuladha : Masyarakat Jawa lan Bali percaya manawa prastawa grahana iku prastawa nalika
Bathara Kala kang mung kari sirahe nguntal Dewi Ratih.
2. Utawa nyatakake pilihan (pemilihan)
Tuladha : Saperangan masyarakate percaya manawa prastawa grahana iku dumadi amarga Suanggi utawa setan kang mangan srengenge.
3. Ananging nyatakake kosok balen (perlawanan)
Tuladha : Pancen bisa mbebayani manawa nyawang srengenge langsung, ananging ora kok terus ora bisa nyekseni endahing prastawa kasebut.
4. Nalika nyatakake wektu (waktu)
Tuladha : Grahana srengenge dumadi nalika rembulan ana ing antarane srengenge lan bumi ing sawijining garis lurus.
5. Saupama, upama
nyatakake angen-angen (pengandaian)
Tuladha: Aku bakal teka ing Ternate nyekseni grahana srengenge total saupama aku nduwe sangu kanggo teka ing papan kana.
6. Supaya, amrih tujuan (tujuan)
Tuladha: Prastawa iku dadi wahana pendidikan tumrap bocah-bocah sekolah supaya bisa mbuktekake teorine Eistein.
7. Sanadyan nyatakake konsesif
Tuladha: Para warga akeh kang nonton prastawa grahana tanpa nggunakake kacamata sanadyan pemerintah wus nganjurake manawa anggone nyekseni grahana srengenge nggunakake kaca mata kang ana filtere.
8. Amarga nyatakake sebab
Tuladha: Akeh wisatawan manca kang teka ing Indonesia amarga kepengin nyekseni kedadeyan grahana srengenge total kanthi langsung
9. Saengga, mula nyatakake akibat
Tuladha: Jaman modern kaya wektu saiki wus ora akeh kang percaya karo mitos grahana saengga nalika ana grahana wus arang-arang krungu swara kothekan lesung.
10. Kamangka, mangka, nyatakake panyetha (penjelas)
Tuladha: Mbiyen akeh wong kang percaya menawa nyebabake mata bisa wuta kamangka kedadeyan " kira 300 tahun sepisan. olsa
wuta kamangka kedadeyan ngedap-edapi iku amung bisa disekseni kira.
Komentar
Posting Komentar