MATERI BAHASA JAWA KELAS XII BAB 2 SUB 1 - PASRAWUNGAN MATERI TEKS ANEKDOT
PASRAWUNGAN MATERI TEKS ANEKDOT
Anekdot yaiku crita singkat kang ndudut ati amarga lucu lan nengsemake, biasane ngenani wong penting utawa kondhang lan adhedhasar kedadeyan nyata. Anekdot kang nyritakake tokoh lan prastawa tartamtu nduweni tujuan kanggo menehi kritik.
Manawa ana sing ora
sarujuk ngenani kebijakan-kebijakan kang
digawe panguwasa,
bakal ngritik kebijakan kasebut. Salah sijine cara yaiku kanthi nggunakake anekdot. Wong kang dikritik kasebut ora bakal
nesu amarga
kritikan kasebut disampekake sacara lucu lan konyol.
v Jinising Anekdot Adhedhasar sipat prastawane anekdot kaperang dadi loro, yaiku
:
A. Anekdot nonfiksi, yaiku anekdot kang nyritakake
prastawa kang nyata kanthi tokoh lan latar kang sabenere.
B. Anekdot fiksi, yaiku anekdot kang nyritakake crita fiksi/khayal. Nggunakake tokoh lan latar khayalan.
v Adhedhasar tujuane, anekdot kaperang
dadi telu, yaiku :
A. Anekdot kritik
B. Anekdot nasihat
C. Anekdot hiburan
v Struktur anekdot:
A. Abstrak, yaiku paragraf pambuka kang nggambarake isine wacan.
B. Orientasi, yaiku perangan kang nuduhake kedadeyan lan mula bukane kedadeyan kasebut.
C. Krisis, yaiku perangan dumadine perkara utawa kedadeyan-kedadeyan
D. Reaksi, yaiku perangan crita kang njlentrehake anggone ngrampungake perkara.
E. Koda, yaiku perangan pungkasan kang nuduhake dudutan/kesimpulan
Wacanen tuladha teks anekdot ing ngisor iki!
Password Laptope Sawijining dina Jalu mara ing omahe Siska karo nggawa Laptope amarga arep nggarap tugas. Lagi teka laptope banjur diselehake ing dhuwur meja lan langsung na toilet. Karo ngenteni Jalu, Siska mbukak lan nguripake laptope, nanging jebul laptope dipasangi password.
"Lu! Laptopemu passworde apa?" bengoke Siska. “Jenengmu Sis!" sumaure Jalu Trenyuh atine Siska krungu saurane Jalu. “Wah, jenengku nganti
didadekake password dening Jalu," batine Siska. Nanging ya
lumrah amarga Jalu lan Siska wis suwe dadi kanca akrabe.
Dadi ya masuk akal yen nganti didadekake jeneng password.
Siska langsung ngetik jenenge s-i-s-k-a. “Kok gak kenek ya, coba tak jajale maneh nggawe jeneng lengkapku s-i-s-k-a-h-a-p-s-a-r-i, lho kok
tetep gak
kenek ya," batine Siska. "Kok gak kenek Lu ...!" “Tulisen nggawe capslock Sis ..." "Panggah gak kenek Lu ..."
Jalu metu saka toilet langsung nyekel laptope. Ngurupake tombol
capslock In
ngetik J E-N-E-N-G-M-U. "Oalah ... semprul, tak kira jenengku tenan Lu ... Jalu, tiwas aku trenyuh," batine Siska.
Komentar
Posting Komentar