MATERI BAB 2 SUB 1 BAHASA JAWA KELAS X - UNSUR CERITA PEWAYANGAN
Materi
pokok : CERITA WAYANG
A. RINGKASAN MATERI
1 UNSUR INTRINSIK LAN EKSTRINSIK CRITA WAYANG
Unsur
Intrinsik
Unsur
intrinsik crita wayang yaiku
unsur-unsur kang ana
ing sajroning crita wayang. Unsur-unsur kasebut yaiku
:
1. Tema, yaiku
gagasan baku utawa idhe
bakune crita wayang.
2. Amanat/pesen, yaiku piwulang
luhur kang dikandhut ing
crita wayang.
3. Alur (plot), yaiku urutaning
kedadeyan jroning crita
wayang.
4. Paraga, yaiku tokoh jroning
crita wayang kang nduweni watak
dhewe-dhewe kanggo mbedakake paraga
siji lan paraga liyane.
5. Latar, yaiku katrangan kang
nuduhake panggonan,
wayah, lan swasana sajroning
crita wayang.
6. Basa, yaiku gegayutan karo
gaya bahasa sing digunakake jroning
crita wayang.
Unsur Ekstrinsik
Unsur
ekstrinsik crita wayang
yaiku unsur-unsur kang
ana ing sanjabane crita wayang. Sing kalebu unsur
ekstrinsik crita wayang
yaiku :
1.
Latar belakange crita wayang kang
ana ing tanah Jawa (apa kang
dikarepake pangripta jroning nulis
crita iku).
2.
Tanggapane masyarakat
kang seneng marang crita wayang
(kepriye tanggapane masyarakat ngenani crita-crita wayang).
2. STRUKTUR TEKS CRITA
WAYANG
Kanggo niti struktur utawa wangunane teks wayang, para siswa migatekake
urut-urutan critane.
Banjur perangane teks wayang kang
kowaca, pilah-pilahna adhedhasar perangan
struktur generik urut-urutane
caritane, kayata:
·
Pambuka (orientasi), arupa perangan
pambukane crita. Perangan iki
kawedhar kanggo nepungake para paragane,
swasana kang dumadi, lan pamurwane lelakon, tumuju
crita sabanjure.
·
Pasulayan utawa konflik (komplikasi), arupa perangan
teks kang isine bab ngrembakane
sakene perkara. Perkara-perkara
kang diadhepi dening para paragane
crita wayang mau.
·
Pangudhare (resolusi), kabeh prakara
kang dumadi mau. pamungkasane pasulayan utawa
dredah jrone carita, sarta
·
Panutup (coda), arupa panintinge
dudutan/kesimpulan dening para
pamaca atau pamiyarsa.
WARNA-WARNANE WAYANG
Wayang manut critane ana cacah
sewelas, dene katrangane kaya
ing ngisor iki :
1. Wayang
Purwa : nyritakake
wayang kadhewatan nganti tekan Prabu Parikesit.
Wayang Purwa kaperang dadi
papat, yaiku : a. Kadhewatan: nyritakake
para dewa, wiwit Sang
Hyang Manikmaya, Sang Hyang
Ismaya, Sang Hyang Tejamaya
lan kabeh dewa lan dewi. b. Arjuna Sasra
: nyritakake perange Prabu Arjuna
Sasra karo Dasamuka, klebu
lakon Sumantri lan Sukrasana c.
Ramayana : nyritakake
Prabu Rama mungsuh Rahwana jalaran ngrebut Dewi Shinta d. Mahabharata
: nyritakake kaluwarga Bharata (Pandhawa lan
Kurawa) wiwit cilik nganti perang
Bharatayuda Jayabinangun
2. Wayang
Madya : nyritakake
Prabu Yudayana tekan Prabu Jaya
Lengkara, carita
iki kanggo ing kraton.
3. Wayang
Antara : nyritakake
Sri Gatayu tekan Panji Kudalaleyan.
4. Wayang Wasana : nyritakake
lakon Damarwulan karo Minakjinggo.
5. Wayang Dupara : nyritakake
lakon Babad tanah Jawa.
6. Wayang
Golek : nyritakake lakon
Amir Ambyah lan Umarmaya, crita babone saka (Babad
Menak) lan layang Menak (Timur Tengah).
7. Wayang Gedhog : nyritakake lakon Panji (wayang kagawe
saka kayu).
8. Wayang
Beber: gambar wayange
ana geber kang bisa digulung, caritane
bisa warna-warna.
9. Wayang
Kidang Kencana : nyritakake
bangsane kewan.
10. Wayang
Wahyu : nyritakake
lakon kang ana sambung rapete
agama Kristiani
11. Wayang
Suluh :
nyritakake kahanan negara saiki, kanggo penerangan program-program pemerintah.
Paraga
Sing Nyengkuyung Pagelaran Wayang
Dhalang yaiku sing
nglakokake lakuning pagelaran
Pesindhen/waranggana yaiku paraga
sing ngrengga iramaning gamelan
Niyaga/Pangrawit
yaiku paraga sing nabuh gamelan
anut larasing gendhing
Piranti
Pagelaran Wayang
Kelir, nggambarake langit utawa
akasa
Blencong, nggambarake srengenge, rembulan lan lintang
Debog, nggambarake bumi
Kothak, nggambarake
sasmitaning urip
Keprak, nggambarake
ilining banyu utawa
getih
Gamelan, nggambarake
mobah mosiking kahanan jagad saisine
Kayon, nggambarake gunung, alas, geni, segara, prahara, angin lan sapanunggalane
Komentar
Posting Komentar