MATERI BAB 1 SUB 2 GAYA BAHASA GEGURITAN - BAHASA JAWA KELAS XI
Gaya
Basa (Majas)
Gaya basa (majas) ateges cara-carane manungsa migunakake basa amrih gampang ditampa, endah lan kepenak dirasa
lan dirungu. Kang
klebu gaya basa umpamane
1.
Metafora Unen-unen pepindhan (diumpamakake).
Tuladha :
Dhasar rai
gedheg, wis ditolak isih wani
mara ing ngomahe!
2.
Personifikasi
Araning barang mati diumpamakake bisa polah kaya manungsa.
Tuladha : Ombak segara katon playon oyak-oyakan.
3.
Hiperbola Pepindhan sing kliwat/keladuk.
Tuladha : Awake kayawatu nganti ora bisa dijiwit
4.
Ironi Unen-unen sing nyaritakake kosok balene.
Tuladha :
Tulisanmu jan apik banget nganti ora bisa diwaca.
Pancen sregep tenan
anakku iki, esuk tangi turu wis.dolanan HP
5.
Pleonasme Pratelan penegas, kang sejatine ora kudu kasebut rangkep.
Tuladha :
Ayo ndang maju
na ngarep!
Anggonmu menek aja dhuwur-dhuwur.
6.
Antitese Unen-unen kang mawa tembung kosok balen.
Tuladha :
Rina wengi anggonku ndedonga muga-muga kowe kabeh tansah pinaringan kabagas warasan..
Gedhe cilik, enom tuwa, lanang wadon padha nindakake sholat gerhana.
7.
Retoris Pratelan pitakonan kang ora prelu wangsulan.
Tuladha :
Apa ana wong tega mateni wong tuwane?
Apa kowe pengin dikroyok wong sakampung?
8.
Repetisi Pratelan kang bola-bali sinebut
ing ukara.
Tuladha : Saya suwe, saya alum, saya garing, wusana banjur mati
9.
Paradoks Pratelan kang kosok balen karo kahanane.
Tuladha : Lambene isih bisa ngguyu sanajan atine nangis
10. Litotes Pratelan kanggo ngalusake kahanan.
Tuladha : Aku ora nduwe ndhuwit, iki mung ana pitung atus ewu.
Gladhen Gaya Bahas. Ukara-ukara ing ngisor iki aranana kalebu gaya basa apa!
1.
Ombak segara katon-playon oyak-oyakan.
2.
Krungu kabar kesripahan iku ana udan tangis ing kulawargaku.
3.
Angin esuk iki ngelus-elus atiku.
4.
Sanajan atine
nangis nanging
lambene isih
bisa ngguyu.
5.
Mangga nitih grobak kula kemawon..
6.
Swarane lembut kaya kapas.
7.
Sapa wonge
sing pengin lara?
8.
Aku lagi ra nduwe dhuwit, iki mung ana sangang atus ewu.
9.
Dalane mudhun
njojrog.
10.
Tulisanmu apik banget nganti ora bisa diwaca.
Komentar
Posting Komentar