TUGAS BAHASA JAWA BAB 1 KELAS X
TUGAS
BAHASA JAWA KELAS X (SEMUA JURUSAN)
Petunjuk
Pengerjaan:
1. Kerjakan di buku tulis soal dan
jawabannya!
2. Tugas dikumpulkan Selasa, 3 Agustus
2021 bersama buku catatan
BLANGKON
Blangkon iku sajinis panutup sirah kanggo wong priya sing kagawé saka bahan
kain bathik utawa lurik. Blangkon sejatiné wujud modhèrn lan praktis saka iket.
Ing busana tradhisional adat Jawa lan adat Sundha blangkon dianggo minangka
pasangan karo busana beskap. (miturut Wikipedia).
Ing jaman modern iki blangkon ono ing masyarakat Yogyakarta khususe
gunungkidul uwes mulai ilang seka pikiran masyarakat. Blangkon seng uwes suwe
dadi budaya warga jawa iki, mulai kegiles karo topi-topi seng dadi trend ing
kalangan muda-mudi. Nek arep weroh jinis-jinis blangkon iso mbok woco ing ngisor
iki:
Ana sawetara jinis blangkon miturut adat ing papan panggonan tinamtu.
Jinis blangkon antara liya:
1. Blangkon Sala, saka bahan bathik ora nganggo mondholan (trèpès).
2. Blangkon Yogya, nganggo mondholan.
3. Blangkon Kedhu.
4. Blangkon Banyumas.
5. Blangkon Sundha, saka bahan bathik, ora nganggo mondholan.
Mondholan, iku wangun sing njendhol ing samburiné blangkon, makili
modhèl rambut priya sing kerep dibundhel ing mburi. Blangkon modhèl trèpès, iku
wujud sing umum blangkon gagrag Surakarta. Gaya iki minangka modhifikasi saka
gaya Yogyakarta, amarga akèh-akèhé priya saiki arambut cendhak. Modhèl trèpès
iki digawé kanthi njait langsung mondholan ing bagéan mburi blangkon. Saliyané
saka suku Jawa , ana uga sawetara suku sing migunakaké panutup sirah sajinis
blangkon nanging béda wujudé, yaiku suku Sundha, suku Madura, suku Bali, lan
sapanunggalané. (Wikipedia)
Ing pikiranne para mudha jaman saiki, nganggo blangkon iku koyo ndadeke
deweke tambah katrok, cupu, ketinggalan jaman lan sak liyan-liyane. Ningo nek
awake dewe nganggo. Podo wae wes melu nglestarekake budaya jawa. Dadi ora eneng
seng jenenge wong jowo ilang jawane.
Kenapa ora? Neng Daerah Istimewa Yogyakarta netapke dino blangkon saben
minggune. Umpamane dino setu dadi dino blangkon, dadi saben dina setu
bocah-bocah seklah do nganggo blangkon seko SD, SMP, SMK, lan SMA. Dadine para
pelajar ing kutho Yogyakarta duwe kekhasan karo kutho-kutho liyane.
Aku nduwe pepinginan supoyo sesok blangkon iso dadi benda sing ora mung
diweruhi wong Yogyakarta tok. Ningo bisa diweruhi ing mata internasional.
Dadine ora mung dingo warga Indonesia ningo warga mancanegara
Isinen Pitakon ing ngisor iki kang pathitis, sakwise awakmu maca teks artikel "BLANGKON"
- Apa tegese blangkon kuwi?
- Ing pemikirane para mudha, gawe blangkon kuwi kepriye?
- Jenise blangkon ana pira? sebutna!
- Kepengenan apa kang dikarepne penulis marang blangkon kuwi?
- Lumrahe daerah ngendi wae sing musti gawe blangkon?
Komentar
Posting Komentar