MATERI BAB 1 SUB 1 (GEGURITAN BAHASA JAWA KELAS XI)
Babagan materi ning semester iki yaiku, geguritan utawa puisi. Sumangga dipun simak lan dicatat. Kagiatan ning babagan iki nduweni tujuan siswa kudu bisa ngidentifikasi, nganalisis, teks drama, prosa utawa geguritan sesuai tatanan/kaidah. lan uga siswa kudu bisa nginterpretasi, menanggapi lan mraktekna teks drama, puisi lan prosa.
Geguritan yaiku asil pangangen - angen penyair tumrap kahanan utawa prastawa kang diamati, dihayati, utawa dilakoni kang ditulis nganggo tembung kang ringkes lan mentes. Geguritan uga diarani puisi jawa gagrag anyar. Gatekna struktur geguritan ning ngisor iki.
Struktur geguritan kaperang dadi 2, yaiku:
Struktur fisik
Tipografi. yaiku bentuke geguritan
Diksi. yaiku pilihan tembung, pilihan tembung kang mentes/padat kang isa nglarasi unine tembung.
Imaji. pengungkapan pengalaman indrawi (imaji swara, imaji paningal, imaji raba)
Tembung konkret. tembunng konkret tegese tembung kiasan
Busananing basa. yaiku gaya basa
Wirama. yaiku runtuting swara, bisa ing wiwitan, tengah, utawa ing pungkasane larik.
2. Struktur Batin
a. Tema / makna. kekarepan utawa maksud tartamtuGatekna geguritan ning ngisor iki, uga tulisen ning bukumu, apa makna lan isi saka geguritan iki!
BUMIKU
Kabentang endahe bumiku
tan katon ijo royo-royo
para kewan pada manut mring ndarane
ana ing sawah anggarap siti
nanging, saiki ora kaya mbiyen
nanging, saiki bumiku wis rusak
kaya-kaya wis ora ana ijo-ijoan maneh
karana ulahe manungsa
lena marang wektu
lan nglirwakake kewajiban
marang Gusti
sing akarya jagad
Komentar
Posting Komentar